
Jamiyah Semaan Al Quran lan dzikrul Ghofilin Jantiko Mantab menika dipun wastani samiin samiiat, ingkang sami rawuh piyambak-piyambak, alami mboten wonten kepentingan ingkang sifat ipun kadonyan. Para samiin samiiat tungkul lugu nderek kanthi ikhlasipun manah namung keranten supados dipun gatekaken Gusti Allah, matur matur langsung wonten ngersanipun Allah kanti mirengaken lan maos Al Quran. Ugi para samiin samiat yakin bilih nderek jamiyah punika berarti marak sowan nyaketi utawa melakukan pendekatan dateng para kekasih-kekasihipun gusti Allah. Mongko tiyang niku kedah parek marang Allah, menawi dereng saget, pareko, nyedako marang tiyang ingkang caket kalian Allah, lah sinten malih kejawi namung poro auliya was sholihin.
Manise gendis aren ibarate ngantos para samiin setia karaya-raya rawuh nderek jamiyah meniko ngangge dananipun piyambak, nyelakake wekdalipun, ninggal damelan lan kesibukanipun piyambak-piyambak, mboten roso kepekso nderek. Cukup dipun umumaken wonten majelis samangke sampun direspon kaliyan jamaah, mboten wonten undangan resmi nopo malih absen kangge ngrawuhi jamiyah. Menikolah keihlasan ing dalem ibadah kados manise gendis aren. Katah ingkang butuh katah ingkang madosi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar