Selasa, 24 Januari 2017

Sandale Kiyai

Saugi bade mlampah piyambak taksih cubluk, bodho, cupet ing paningal, luwih-luwih paningal bathin. Kahanan mekaten saget nyebabaken kita nabrak-nabrak. Bade mulang muruk mboten gadahi kapasitas keilmuan ingkang mantab lha wong ngaji utawi mondok mawon dereng nate. Bade infaq lan shodaqoh ingkang kathah dereng ditaqdir dados agniya, saumpami pun sugih dereng nggadahi sifat loman. Bade tirakat, riyadhoh jungkung topo taksih dereng betah luwe lan dereng betah melek. Bade ndidik anak bojo mawon taksih ngangge duko-duko. Pripun mangke dadose anak bojo. lha wong kita piyambak mboten saged dados tuladha ingkang sae.

Lah pripun malih, badan taksih apes. Pripun carane saget selamet menawi mekaten kondisinipun. Senajan apes lan ala, ino kahanan badan punika ananging hati nurani taksih gadahi cita-cita ingkang sae. Inggih puniko saget istiqomah fil ibadah, istiqomah dzikir dateng Allah, istiqomah mensyukuri nikmat-nikmatipun Allah ing akhiripun saget marak sowan ing dalem ngersanipun Allah kanti khusnul khotimah. Kita taksih nggadahi cita-cita supados anak putu, dzurriyah toto. toto manahipun, toto ibadahipun, toto ekonominipun lan tertata sedayanipun sahinggo termasuk generasi sholihin walau fi akhiriz zaman.

Terus badhe ngangge coro nopo malih supados kita tetep dipun gateni kalian Allah, kamongko kondisi jiwa lan rogo tak seh reged gembel tembelek. Setunggal nggih meniko nunut dateng poro ulama, auliya lan sholihin. Nderek-nderek beliau-beliau, tamtu nderek menika secara lahiri wonten konsekunsi nipun nggih punika purun dados sandalipun beliau. Khidmat dateng beliau. Melayani semaksimal mungkin. Menyukseskan program-program beliau lan nderek dawuh dawuh beliau. Menawai wonten permasalahan lan kemusykilan menopoke mawon kita namung bade nyuwun solusi dateng beliau. Ibarat rumiyen para sahabat tangklet bab nopomawon dumateng Kanjeng Nabi. Mewai kita badhe ngakses langsung dumateng kanjeng Nabi melalui Al Quran lan Sunnah nyatane kita mboten gadahi kapasitas ilmiah ingkang layak. Menawi Ulama meniko pewarisipun para Nabi berarti sakjane ingkang kita dereki menikolah wujudipun kanjeng Nabi ingkang saget kita akses langsung. Sae dawuhipun lan ugi akhlak ipun..Wallahu a'lamu bishowab

Tidak ada komentar:

Posting Komentar