Jumat, 17 Februari 2017

Mata Kepala Dan Mata Hati

Agama Islam saget jaya lan sukses menawi taksih katah piyantun ingkang ikhlas-ikhlas. Ikhlas meniko tolak ukur kekuatan umat Islam. Ananging ikhlas menika mboten saget dipun ukur saking dhahir, nanging menitikberatkan saking ranah bathiniah. Katah sanget perkawis agami meniko penilaian agami meniko ingkang dipun nilai saking sisi bathin. Dhahir sae menawi bathinipun mboten sae kaetung mboten sae. Pandangan mata kepala meniko katah ingkang mboten pener. Ngangge agami kita dipun didik kaliyan agami kedah mangasah mingising budi, membiasakan diri mirsani sesuatu saking pandangan hati nurani utawi mata hati.

Hati nurani meniko kedah dipun latih supado saged bening. caranipun kedah ngresiki saking hawa lan nepsu, ngersiki saking penyakit hati. Menawi latihan piyambak mesthine awrat sanget. Menikolah kita pelu pados guru mursyid utawi guru sejati utawi guru pembimbing dunya akhirat arupi auliya utawa ulama ingkang wirai lan mumpuni. Bab milih guru menika sampun dados setunggal bab ingkang remit sanget. Amargi sekali salah milih guru sak lawasae bakal cilaka menawi mboten dipun tulung kaliyan Allah piyambak. Guru ingkang gadahi jangkauan mata hati, mata bathin ingkang adedasar akhiratlah ingkang saget lan sae kita dereki. Ibarat  pandangan kita namung kados lampu sepeda motor wonten ing tengahe wengi, guru kita mirsani sesuatu kados mirsane ing wekdal siang. Sahingga saget luih teliti lan ngati-ngati ingdalem menapaki perjalanan gesang punika.

Lagi-lagi akhiratlah sebagai dasar pertimbangan kita melangkah. Akhirat menika harga mati, mboten saget dipun tawar malih. Amargi mbenjing menawi sampun mlebet dumateng alam akhirat kita mboten saget malih memperbaiki keadaan. Menawi ngamal kedah mateng berdasarkan lillah, berdasarkan pertimbangan akhirat. Mboten angger sokor mlampah nopo malih dilambari ngangge hawa nepsu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar