Selasa, 17 Januari 2017

Benteng Terakhir

TPA sampun, sekolah sampun, ngantos pendidikan S1, S2, S3 sampun. Ananging akhlak lan tingkah lakunipun kados mboten tiyang pendidikan. Mestinipun pendidikan dalam rangka mendidik jiwa dan raga. sehat badan lan rohani. Bangunlah jiwanya, bangunlah badannya.Menawi mekaten, ngangge cara menopo malih supados anak putu, dzurriyah ila yaumil qiyamah pinaringan fasilitas sholihin sholihat? mboten sanes meng-up date formula tertentu ingkang saget membentuk ketahahan batiniah kangge ngadepi zaman ingkang mekaten. Ruwet lan panas.

Mboten enten jaminan mondok lan sekolah ingkang ndadosaken generasi semakin sae, nanging wonten cara khusus ingkang saget membentuk ketahanan batiniah. Semaan Al Quran lan Dzikrul Ghofilin ingkang dipun kawal kalian Gus Miek. Jantiko Mantab, Jamaah anti kolir, majelis topo broto, ingkang dipun mursyidi kalian Gus Miek piyambak minongko benteng terakhir kangge ngadepi zaman akhir meniko. Ngraosaken angelipun noto anak, noto bojo lan pados maisah tholabul halal, monggo istiqomah nderek Jantiko Mantab insyaallah. problematika, kesulitan, kemusykilan-kemusykilan ingkang mboten saget dipun tuntasaken kalian akal sehat monggo, kita matur-matur wonten ngersanipun Allah kalian maos Al Quran utawi dados samiin samiat Jantiko Mantab. Insyaallah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar