Saking agungipun Al Quranul Karim mboten katah ingkang doyan. Semaan Al Quran sepaket kalian Dzikrul Ghofilin meniko murni ibadah mahdzoh ingkang mboten enten acara ingkang sifatipun ngguyokake utawa musik asik. wontenipun namung jamiyah ingkang topo broto, majelis matur matur dateng gusti Allah SWT. Nopo malih ngajak utawi dakwah dateng piyantun lintu supados nderek nderek jamiyah Jantiko Mantab lha wong pengen jelasaken kanthi gamblang mawon rasane awrat angel. Roso seneng lan manteb dateng majelis punika angel dipun jelasaken dateng piyantun sanes. Kados panjenengan dahar gendis aren rasane manis, nanging menawi ndongeng manisipun gendis aren mungkin saget dimirengaken lan dibayangaken mawon, nanging roso manis sejatine kedah purun ngraosaken gendhis aren punika supados nyess ipun saget diraosaken.
Jamiyah Semaan Al Quran lan dzikrul Ghofilin Jantiko Mantab menika dipun wastani samiin samiiat, ingkang sami rawuh piyambak-piyambak, alami mboten wonten kepentingan ingkang sifat ipun kadonyan. Para samiin samiiat tungkul lugu nderek kanthi ikhlasipun manah namung keranten supados dipun gatekaken Gusti Allah, matur matur langsung wonten ngersanipun Allah kanti mirengaken lan maos Al Quran. Ugi para samiin samiat yakin bilih nderek jamiyah punika berarti marak sowan nyaketi utawa melakukan pendekatan dateng para kekasih-kekasihipun gusti Allah. Mongko tiyang niku kedah parek marang Allah, menawi dereng saget, pareko, nyedako marang tiyang ingkang caket kalian Allah, lah sinten malih kejawi namung poro auliya was sholihin.
Manise gendis aren ibarate ngantos para samiin setia karaya-raya rawuh nderek jamiyah meniko ngangge dananipun piyambak, nyelakake wekdalipun, ninggal damelan lan kesibukanipun piyambak-piyambak, mboten roso kepekso nderek. Cukup dipun umumaken wonten majelis samangke sampun direspon kaliyan jamaah, mboten wonten undangan resmi nopo malih absen kangge ngrawuhi jamiyah. Menikolah keihlasan ing dalem ibadah kados manise gendis aren. Katah ingkang butuh katah ingkang madosi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar