Selasa, 24 Januari 2017

Nasehat

Wonten nasehat saking Gus Miek mekaten : "Dandani anak, ndandani bojo, nggae cangkem, nggae kata-kata, lan nasehat niku pun mboten usum. Sing usum damel getaran bathiniyah. Termasuk anake di Fatihahi siji-siji. Sopo weruh, kenek sinare Fatihah, dadi kebuka, anak-anake dadi sholeh,gelem nyantri, gelem sholat ."

Ngandalaken sekolah formal utawa omongan thok mboten terlalu katah atsar ipun. Katah-katahipun namung ngatah-ngatahaken leh ngandani nanging mboten sumbut. Iso ngandani ra iso nglakoni, jarkoni, iso ujar raiso nglakoni, ning berharap supados ingkang dipun kandani dados sae. Teori sak umbruk ingkang mboten dilambari ngangge getaran batin namung dados rungon-rungon kemawon mboten saget membentuk kepribadian ingkang mantab. Nopo malih namung pados ceramah ingkang lucu, damel nopo, pora nggih mending ngundang dagelan sisan.

Wondenten akhir zaman meniko pengajian umum, ceramah-ceramah, seminar-seminar, diskusi-diskusi, motivasi-motivasi kuatah sanget. Ananging mboten efektif malih. Pembentukan karakter lebih mantab jika dipun lambari dengan rialat riyadoh, istighosah lan matur-matur dateng Allah. Ngatah-ngatahaken amaliah batiniah spiritual dibanding ngatahaken menghadiri pengajian umum utawi ceramah agama wonten tivi lan radio. Katah nasehat nanging kering, mboten signifikan malih. Mboten wonten ketingkatan menopo-nopo. Lah kangge nopo ceramah-ceramah meniko nek mboten efektif, malah ngentekke wektu mawon. Saenipun nasehat ingakang didukung kalian conto tuladha, uswatun hasanah ingkang dipun lambari kalian dungo. Wallahu a'lam bisshowab.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar