Kamis, 12 Januari 2017

Ummati Ummati Ummati

Auliya ingkang terangkum wonten ing Dzikrul Ghofilin meniko ingkang badhe kita dereki benjing fil akhiroh. Dzikrul Ghofilin menika amaliyah praktis, seng penting ngamalaken kanthi konsekuen. Mursyid Dzikrul Ghofilin sampun jelas, mursyid tunggalipun nggih meniko Gus Miek piyambak. Wondenten ingkang mimpin Dzikrul Ghofilin menika dipun wastani bilal mawon sanes imam nopo malih mursyid.

Kepedulian Gus Miek dumateng umat, gati dateng umat, nggatekke ummat ngantos-ngantos menjelajahi 40 thoriqoh muktabaroh ing akhiripun nggadahi kesimpulan damel amaliah ingkang praktis kangge awam supados memungkinkan angsalipun ngamalaken. Angelipun pados guru mursyid lan sak umpami wonten guru mursyid ingkang kamil, berkualitas alias mumpuni dereng kantenan tiyang awam kiat nglampahi.

Waqila, Gus Miek ngantos lobi langsung dateng auliya supados ndaku penderek pengamal Dzikrul Ghofilin dados santri lan jamaahipun , mboten waton nukil asma-asma poro auliya. Gus Miek dereng bade mentas sak derengipun jamaah dan pengamal dzikrul ghofilin lan para samiin mentas, niku dawuhe Gus Miek piyambak saking gatine nggatekkake nasibe umat.

Menawi dipun laras ingkang langkung bening, panci nggih menawi kita mboten mungkin saget mlampah piyambak tanpa katrolan poro-poro. Saugi amal kita sepinten ingkang katampi, tur sepinten ngamal kita mboten imbang menawi badhe marak sowan wushul dumateng ngersanipun Allah SWT.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar