![](https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEivCtJ8uG17Z6o5VOKEyXfsMxid6s2GA5cMJWT0aHSuf1zEwMUM1u73k7mz5joSzk5Ns2zJo9VodrIr6WzVhLlHWspcN7EMD-5Y7r0afeyA26gAD_38tavBn6EDle9mKy4WA4vbHJcOWg/s320/gus+sabut.jpg)
Kita ingkang taksih tertinggal wonten ing ngalam dunyo niki mugi-mugi kanti karomahipun Gus Miek, saget dipun paringi gelar bejo, saking angelipun lan abotipun tirakat manembah jungkung wushul wonten ing ngersanipun Allah SWT. Kita meniko mboten sinten-sinten dibanding beliau poro-poro auliya was sholihin menawi dipun timbang memang dereng layak bersanding kalian beliau-beliau, ananging pripun malih, kita kedah ngglibet, ngeyel nyedak-nyedak najan dereng layak. Mbok menowo beliau welas lan mesthi ke mawon welas nyawang nasib ipun kita-kita. Akhiripun kita dipun katrol kalian beliau-beliau, bejolah kita seng purun blubut ngeyel nyedaki lan narik rahmatipun Gusti Allah kanthi nyedak nyedak kekasih-kekasihipun. Mugi-mugi sak anak turun ila yaumil qiyamah dipun paringi fasilitas bejo. Amin.\
Zaman menika kedah remen dateng kesaenan nopo ke mawon ingkang supados narik rahmat lan kawelasanipun Allah. Kita namung saget tertolong menawi Gusti Allah paring pitulungan birahmatihi. Sebab zaman meniko zaman ingkang banget ruwet lan panas. Kita namung saget nderek nderek forum forumipun pora auliya was sholihin supados dipun daku dados santrinipun. Termasuk tiyang ingkang cedak dateng piyantun ingkang cedak dateng Allah. Amin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar