Syiir iki tanpo waton alias waton gawe syiir. Punika minongko adab utawi akhlak bade ngendikan. Tawadhu lan rendah hati. Yen damel nasehat kalian bahasa ingkang mentereng utawi wah rumiyin, lha sinten ingkang bade doyan. Wontenipun namung bahasa hiperbola berbusa-busa. Tong kosong nyaring bunyinya. katah tiyang ingkang wawang rumiyen mireng iklane. Padahal menawi dupun laras ngangge ati ingkang bening senajan waton raosipun nggih mak nyuss. Adab niku lebih unggul saking ilmu.
Ngawiti
ingsun nglaras syi'iran, kelawan muji maring pengeran, bismillahirrohmanirrohim, ngawiti ingsun kelawan nyebut asmanipun gusti Allah ingkang Maha welas ingdalem dunyo akhirot lan Maha asih ingdalem akhirat bloko. alhamdulillahirrobbilalamiin. Sekabehane puji patang perkoro iku kangunganipun Gusti Allah kang mangerani wong ngalam kabeh. Kang paring
rohmat lan kenikmatan, rino
wengine tanpo pitungan. Gusti Allah niku menawi paring dateng makhluk mboten setengah-setengah nanging full 100 persen. Menikolah kanikmatan ingkang kita tampi nggih puniko kehidupan, malih nikmat islam wal iman. Menawi kita bade ngitung nikmat peparingipun gusti Allah dateng kita kalkulator mesti error. Akhiripun pribadi pribadi kita seng pantes namung ngucap syukur lan alkhamdulillah alkhamdulillah mawon.
Duh bolo
konco prio wanito, sinten mawon dados bola. Gati dateng ummat, peduli dateng ummat. Pripun sareng-sareng saget mengenal Allah. Ojo mung ngaji
syare'at bloko. Wonten ngaji thoriqoh, hakikat lan ma'rifat. Dhahiran wa bathinan ilmu waamalan. Mangke menawi belajar dhahir utawa syariat mawon dadose gur pinter dongeng
nulis lan moco,tembe mburine bakal
sangsoro. Lah pripun mboten sengsoro yen akhire gadahi ilmu ananging mboten kenal Gusti Allah, niku ciloko mencit.
Akeh kang
apal Qur'an Hadist e, seneng ngafirke
marang liyane. Niki budaya enggal akhir-akhir niki. Wonten segolongan tiyang ingkang gampang ngafir-ngafirke, bid'ah-bid'ahe golongan lintu seng boten purun nggabung dados kelompokke. Sejak Islam masuk nusantara abad 7, keberagaamaan wonten Indonesia guyup rukun saling menghormati keyakinan lintu. Bhineka tunggal ika. Senajan bedo paham nanging njaga kerukunan umat dalam berbangsa dan bernegara dipun utamaaken. Elinga, kafir e dewe gak
di gatekke, yen isih
kotor ati akale. Kedahe kita niku koreksi diri, tahu diri sahinggo ngantos mboten sempat ngoreksi boroke sanes. saking tahu diri lan koreksi diri menikolah mangke ningkat dateng ma'rifatullah utawi kenal Gusti Allah.
Gampang
kabujuk nafsu angkoro, ing pepaese
Gebyare ndunyo.Iri lan meri
sugi e tonggo, mulo
atine peteng lan nisto. Penyakit lumrah ingkang menjangkiti kita sedoyo gih punika penyakit hati. Angel tambane. kedahe resik-resik ati. Carane pados guru ingkang wara'. Guru mursyid ingkang sejati aliyas waliyan mursyida. Nopo gampil? Gih mboten. Pados guru ingkang berkualitas mawong sewu siji nopo malih nderek guru meniko leh nglampahi sansoyo abot. Tarah mboten enten perkoro akhirot ingkang reginipun murah, danten kedah ngangge tukon. Nandur rumiyin, sinten seng nandur besuk bakal ngunduh, utamine ngunduh wohing pakarti.
Nopo kok ati riyen seng digarap? Pora nggih luru ilmu sak katah-katahipun pun cekap? Jawabanipun dereng. Ilmu lan kitab mboten menjamin. Nanging hanya mengantar. Ati meniko ibarat wadah toya kangge minum. Wadah meniko kedah resik suci supadaos menawi dipun isi kaliyan teh, kopi utawi toya pethak saget kainum kanti eco lan sekeco. Cobi enten es degan nanging tekonipun kecemplungan telek cecak, nah sido dados najis es degan ipun. Akhirupun mboten enak pangan alias ora kalap.
Ayo sedulur, jo
nglalekake, wajib e ngaji
sak pranatane. Nggo ngandelake
iman Tauhid e, baguse
sangu mulyo matine. Sak sak sae-saene sangu inggih meniko taqwa. Ajrih dateng laranganipun Allah lan nindaaken perkawis-perkawis ingkang dipun remeni kaliyan Allah. Ngaji utawi belajar kedah lengkap sak ubo rampene. dhohir batine, ilmu lan ngamalake, gadah guru ingkang mumpuni gantinipun kanjeng Nabi. Sahinggo akhire kita nggadahi tauhid ingkang leres, ngaweruhi hak lan kewajibanipun makhluk dateng Kholiq.
Kang aran
sholeh, bagus atine. Kerono mapan
sari ilmune. Laku torekot lan
ma'rifate. Ugo hakekot manjing
rasane.Inti saking kesolihan meniko wonten ati alias pondasi batiniah. Pondasi batiniah saget sae menawi nggadahi kelengkapan sara keilmuan. Mboten namung olah raga nanging justru ngatah-ngatahaken ngolah rasa.
Alqur'an
kodhim,wahyu minulyo.Tanpo tinulis
iso diwoco. Iku wejangan
guru waskito.Den tancep ake
ing njero dodo. Sejatosipun Al Quran sejati punika kalam ilahi. Dados namung energi keilahian ingkang saget nyambung lan menghayati Al Quran niku piyambak. Kita namung saged nyecep setetes ilmu saking Allah dipun dum roto sak alam dunyo. Amargi kito niki awam dateng energi keilahian. Benten kalian pora auliya ingkang saget nyilem dateng segara kepengeranan. Kita namung saget maos Al Quran alakadarnya. Pun niku mawon, dereng mangertos artinipun nopo maleh menghayati isinipun. Taksih tebih sanget. Sinteng seng purun maos Al Quran angen angen sak maknane mongko tiyang niku bade pikantuk tombo ati. Tombo kangge mareni penyakit ati, hasad hasud , riya, sumah, takabbur lan liintu lintunipun.
Gus Miek mengkampanyekan Semaan Al Quran kangge meawdahi kita seng awam niki. Nek dereng saget maos gih mirengaken secara berjamaah. Insyaallah mangke katut kagolong tiyang ingkang remen dateng AL Quran. Kumantel ati, lan
pikiran. Mrasuk ing badan
kabeh njeroan. Mukjizat rosul
dadi pedoman. Minongko dalan manjing
e iman. Mugi mugi kanti nderek nyemak al mirengaken Al Quran iman kita sansaya tambah sansaya tambah. Amin.
Kelawan Alloh, kang
maha Suci. Kudu rangkulan
rino lan wengi. Di tirakati di
riadhoi. Dzikir lan suluk
jo nganti lali. Zaman kang peteng kados puniko kedah boten gingsir saking eling gondelan gusti Allah. MEnawi dereng saget berusaha caket kalian Allah berarti caket kalian piyantun ingkang caket kalian Allah supados ati kita terfokus terju dateng Allah.
Urip e
ayem, rumongso aman. Dununge roso
tondo yen iman. Sabar nerimo
snajan paspasan. Kabeh tinakdir
saking pengeran. Berprinsip pada la houfun alaihim yahzanuun, alladziina aamanu wakaanuu yattaquun. Menjalankan hidup bahagia di dunia dan diakhirat. Kados dawuhipun Gus Miek, Laqod haqqa qouluka maktubu fi furqonik, man 'arofaka bijaddika lafijannatik. Menikolah sukses ingkang sejati dalam kondisi nopo kemawon tansah selalu bersyukur damai dan tenang.
Kelawan konco, dulur
lan tonggo. Kang podo rukun
ojo daksio. Iku sunnah e
rosul kang mulyo. Nabi Muhammad panutan
kito. Dawuhipun Gus Miek, menawi mirsani awak ipun pyambak ngangge kacamata syareat lan menawi mirsane tiyang sanes ngangge kacamata hakekat. Akhire kita saged guyup ruku sresrawungan ing masyarakat kanti bahagia mboten remen padu don. Entenipun tansah sae sae lan sae dateng sesami. Sabar ngalah nriman loman.
Ayo
nglakoni, sekabeane. Alloh kang bakal
ngangkat drajate. Senajan ashor
toto dhohire, ananging mulyo
makom drajat e. Menawi berislam kanti kaffah, selalu tafaqquh fiddiin, mangke gusti piyambak ingkang badhe bertindak terhadap nasib kita. Tugas kita namung manembah kelan derajat kawula ingkang selalu nyuwun ridlonipun Gusti. Lamun palastro, ing
pungkasane. Ora kesasar roh
lan sukmane. Den gadang Alloh
syuargo manggone.Utuh mayite, ugo
ules. Istiqomah ingdalem gesang akhiripun pejah khusnul khotimah. Amiiin. Wallahu a'lamu bishowab.